Serat Tripama
SERAT TRIPAMA Serat Tripama iku karya sastra kang awujud tembang macapat, mligine pupuh Dhandang Gula . Serat Trimana wiwit ana nalika jaman Mangkunegara anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV (K.G.P.A.A Mangkunegara IV) ing Surakarta. A. Serat Tripama Pupuh Dhandang Gula 1.Serat Tripama Serat Tripama anggitane swargi Kanjeng Gusti Adipati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV kang diripta ing surakarta. Wujude tipis lan mung sapupuh yaiku pupuh Dhandang Gula kang dumadi seko pitung pada. Pupuh yaiku rerakening tembang kang padha nganti pirang-pirang pada utawa bait . Dhandang gula ing Serat Tripama di ceritakke ngenani telung prajurit kang dadi patuladhan utama ing babagar kaprajuritan. Telung paraga prajurit kang dicritakake ing Serat Tripama yaiku Basuwanda (Sumantri) saka Maespati, Mahawira Kumbangkarna saka Alengka, lan Adipati Basukarna saka Astina. Serat Tripama iki diripta udakara tahun 1860...